Sabtu, 26 Mei 2018

opini


2. Opini
Opini menika minangka panyaruh ingkang sifatipun subjektif ngengingi salah satunggaling perkawis ingkang dipunolah dados seratan. Jinising opini inggih menika opini, kolom, esai, tajuk rencana, Surat pembaca, karikatur, pojok. Wosing seratan awujud pamanggihing panyerat piyambak saged adedasar fakta utawi pamanggih kemawon. Struktur seratan opini inggih menika irah-irahan, penyerat, pambuka seratan, kerangka penggalih utawi pengait, wos seratan saha panutup.

jenis-jenis karya jurnalistik


1.    Pawartos
Pawartos inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H, inggih menika Who (sinten), What (menapa), When (kapan), Where (teng pundhi), Why (kenging menpa), lan How (kepripun). Tegesipun inggih menika sinten ingkang ingkang tumindak, menapa ingkang dipun tindakaken, wonten pundhi papanipun, kenging menapa saged tumindak kados menika, saha kepripun caranipun. Wonten pinten-pinten jinis pawartos ingggih menika Pawartos Langsung (Srtaight news), Pawartos Mendalam (depth news), Pawartos Opini (opini news) saha pawartos photo. Struktur panyeratan pawartos menika awujud irah-irahan (head), baris tengah (dateline), teras pawartos (lead) saha wos pawatos (body). Prinsip panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawispun fakta saha opini boten dipuncampur saha seimbang. Wosing pawartos menika minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih menika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten.

jinisipun karya jurnalistik


1.    Pawartos
Pawartos inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H, inggih menika Who (sinten), What (menapa), When (kapan), Where (teng pundhi), Why (kenging menpa), lan How (kepripun). Tegesipun inggih menika sinten ingkang ingkang tumindak, menapa ingkang dipun tindakaken, wonten pundhi papanipun, kenging menapa saged tumindak kados menika, saha kepripun caranipun. Wonten pinten-pinten jinis pawartos ingggih menika Pawartos Langsung (Srtaight news), Pawartos Mendalam (depth news), Pawartos Opini (opini news) saha pawartos photo. Struktur panyeratan pawartos menika awujud irah-irahan (head), baris tengah (dateline), teras pawartos (lead) saha wos pawatos (body). Prinsip panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawispun fakta saha opini boten dipuncampur saha seimbang. Wosing pawartos menika minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih menika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten.

JURNALISTIK



Tegesing jurnalistik menika katah sanget, miturut etimologi jurnalistik menika saking tembung jurnal saha istik. Jurnal menika saking basa Prancis jounal ingkang tegesipun Catetan Harian, ananging ugi wonten ingkang ngendika juralistik saged ugi saking tembung diurnal ingkang tegesipun dinten menika. Tembung istik menika saking tembung estetika ingkang nggadahi teges ngelmu ngengingi kaindahan. Kanthi umum jurnalistik nggadahi teges seni saha keterampilan madosi, ngempalaken, ngolah, ngronce, saha nyajiaken pawartos ngengingi perkara utawi kadadosan ingkang dumadi saben dintenipun kanthi seratan ingkang endah, kanthi ancas maringi sedaya kabetahanipun ati nurani tiyang kathah, pramila ndadosaken ewahing sifat, watek, panyaruh, saha tumindak masyarakat mituruk kekajenganipun jurnalis.
Jinising seratan menika kaperang dados kalih inggih menika seratan fiski saha non fiksi. Sertan fiksi awujud seratan imajinatif utawi khayalan sanes kadadosan ingkang nyata. Umumipun seratan fiksi menika minangka karya sastra kados dene cerkak, novel, geguritan, saha drama/sandiwara. Seratan non fiksi inggih menika seratan ingkang adedasar fakta saha data. Tuladha seratan non fiksi inggih menika artikel, pawartos, feature, essay saha resensi.
Naskah jurnalistik mebet ing seratan non fiksi amargi seratan jurnalistik adedasar fakta saha data saking kadadosan ing saben dintenipun. Pramila menika ciri wancinipun naskah utawi karya jurnalistik inggih menika non fiksi, faktual, sanes khayalan. Naskah utwai karya jurnalistik kaperang dados tigang kelompok inggih menika Pawartos (News), opini (views) saha Karangan Khas (feature).

Kamis, 24 Mei 2018

AKSARA JAWA


MAOS AKSARA JAWA
A.     Aksara lan Pasanganipun
aH
ha
nN
na
cC
ca
rR
ra
kK
ka
fF
da
tT
ta
sS
sa
wW
wa
lL
la
pP
pa
dD
dha
jJ
ja
yY
ya
vV
nya
mM
ma
gG
ga
bB
ba
qQ
tha
zZ
nga
x>
re
X  ’Le
le

B.     Sandhangan
Sandhangan, inggih punika tandha ingkang kaginakaken kanggé ngéwahi swantenipun aksara ingkang dipunsandhangi. Sandhangan wonten ing paugeran tata tulis aksara Jawa kapérang dados 3 warni, yaiku:
1.   Sandhangan swara, kanggé ngéwahi swanten aksara miturut ungelipun vokal [i], [u], [é,è], [e], lan [o]
·         wulu                   i            ungelipun[i]     sisW                  siswa
·         suku                   u            ungelipun[u]    sukun\     sukun
·         taling                     [               ungelipun [é/è] [slk\    sélak
·         pepet                       ...e                 ungelipun [e]    sepi            sepi
·         taling tarung        [….o                ungelipun [o]   [sopn\    sopan
2.   Sandhangan Sesigeg, minangka gantosipun aksara sigeg ha, ra, lan nga nalika angsal pasangan utawi pangkon ;
·         pangkon                                \           kanggé panyigeg sepen\              sepen
·         wignyan                                   h             ungelipun [h]tnSh      tansah
·         layar                                   /           ungelipun [r]s/w         sarwa
·         cecak                                        =                ungelipun [ng]s=         sang
3.   Sandhangan Wyanjana, minangka gantosipun aksara ra, re saha ya nalika madeg dados pasangan ingaksara punika gadhah sipat wyanjana utawi lebur kaliyan tembung ingkang dipunpasangi;
·         cakra                      ]          ungelipun [-ra-]s]wu=                    srawung
·         ceret                       }         ungelipun [-re-]s}[z[z        srengéngé
·         péngkal                   -          ungelipun [-ya-]k-yi             kyai
C.     Pada inggih punika tandha wacan ingkang kaginakaken wonten ing seratan aksara Jawa, kados déné:
Ø  adeg-adeg                             ?    kanggé miwiti nyerat ukara/alinéa/paragraf.
Ø  pada lingsa                         ,    kanggé nyerat koma ing tengahing ukara menga
Ø  pada lungsi                         .   kanggé nyerat titik ing pungkasaning ukara menga
Ø  pada pangkat                         ;   kanggé nyerat angka Jawa.
Ø  purwapada ¦¡¦kanggé miwiti pada, pupuh tembang (mangajapa becik)
Ø  madyapada ¦¢¦kaserat ing sangajenging gantosipun pupuh-pupuh   ingkang wonten ing tengah (mandrawa)
Ø  wasanapada ¦£¦ kaserat minangka panutup ing pungkasaning seratan tembang (inti/purna)
C.     Aksara Murda
Ginanipun aksara murda inggih punika kaginakaken kanggé tata prunggu utawi pakurmatan, tuladhanipun kanggé nyerat namaning Gusti, Nabi, Ratu, Wali, Pusaka, Nagari, lan Kitha. Aksara murda boten dipunginakaken minangka panutuping wanda (suku kata).
Aksara murda gunggungipun namung pitung warni inggih punika:
Nama Aksara murda
Aksara murda
Pasangan aksara Murda
Pemakaian dalam kata
Na
!
……
!
Gusti Natanagara
&usTi!tngr
Ka
@
……
@
Kraton Ngayogyakarta
@][tonZ[yog-k/t
Ta
#
……
#
Tawangmangu
#w=mzu
Sa
$
……
$
Sinuhun Sultan Agung
$inuaun\$ulTn\Agu=
Pa
%
……
%
Panembahan Sénapati
%nemBhan\[$npti
Ga
&
……
&
Gunung Merbabu
gun=ume/*bu
Ba
*
……
*
Balé Pustaka
*[lpusTk

D.    Aksara Swara
Ginanipun aksara aksara:
1.      Kanggé nyerat aksara vokal ingkang dados wanda (suku kata) saking basa manca supados cetha lafalipun.
2.      Aksara swara boten saged dados pasangan.
3.       Aksara swara saged dipunsukani sandhangan wigyan (..h), layar (…/…) lan cecak(…=….)
4.      Aksara swara gungungipun wonten gangsal warni, inggih punika:
nama aksara swara
aksara swara
panganggéingtembung
A
A
Kitab Alquran
@itb\AlÑ|+/An\
E
E
Éropa
E[rop
I
I
Ibnu Umar
Ib×Um/
O
O
Organisasi
O/gnissi
U
U
Urbanisasi
U/bnissi

E.      Aksara Rèkan.
Ginanipun Aksara Rékan:
1.      Kanggé nyerat aksara konsonan saking basa manca ingkang taksih kaginakaken kados aslinipun.
2.      Aksara rékan saged dados pasangan lan saged dipunsukani pasangan, aksara rékan ugi saged dados sandhangan.
3.      Aksara rékan gunggungipun namung gangsal warni, inggih punika:
nama
aksara rékan
aksara rékan
pasangan
aksara rékan
panganggéingtembung
Kha
k+
K+
Khatib arep khutbah
k+tibHxpÑ|+tBh
Dza
f+
F+
Wong dzalim kesèd dzikir
[w=of+limKe[sfF+iki/
fa / va
p+
P+
Paédahé Bètèng Vrédebreg
p[afh[a[*[t=[p]+de*}g\
Za
j+
J+
Zakat iku wajib lan ziarah iku sunat
j+ktHikuwjibLniJ+yrhaikusunt\
Gha
g+
G+
Ghazali lan Ghulam Ahmad
g+j+liln\g+ulm\Ahmf\

F.      Angka Jawa
a.    Angka dipunginakaken kanggé nerangaken lambang mawi nomer. Wujudipun angka mawi aksara Jawa kadosta:
1 = 1
2 = 2
3 = 3
4 = 4
5 = 5
6 = 6
7 = 7
8 = 8
9 = 9
0 = 0
b.    Angka mawi aksara Jawa anggènipun nyerat angka kaapit mawi pada pangkat (;....; )
Tuladha:
dawané kertas 36 sèntimèter=======   fw[nke/ts\¿;36;[snTi[mte/
G.    Tuladha panyeratipun tembung dwipurwa

tembungipun
panyeratipun mawi aksara Jawa
lelaku
llku
lelayu
llyu
tetuku
tutuku
kekarepan
kkxpPn\