1. Pawartos
Pawartos
inggih menika palaporan ngengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data
ngengingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih
menika 5W+1H, inggih menika Who (sinten), What (menapa), When (kapan), Where
(teng pundhi), Why (kenging menpa), lan How (kepripun). Tegesipun inggih menika
sinten ingkang ingkang tumindak, menapa ingkang dipun tindakaken, wonten pundhi
papanipun, kenging menapa saged tumindak kados menika, saha kepripun caranipun.
Wonten pinten-pinten jinis pawartos ingggih menika Pawartos Langsung (Srtaight
news), Pawartos Mendalam (depth news), Pawartos Opini (opini news) saha
pawartos photo. Struktur panyeratan pawartos menika awujud irah-irahan (head),
baris tengah (dateline), teras pawartos (lead) saha wos pawatos (body). Prinsip
panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawispun
fakta saha opini boten dipuncampur saha seimbang. Wosing pawartos menika
minangka faktaning saking kadadosan ingkang saged dipunsade wosipun, inggih
menika aktual, faktual, wigati, saha narik kawigaten.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar