Tegesing jurnalistik menika katah
sanget, miturut etimologi jurnalistik menika saking tembung jurnal saha istik.
Jurnal menika saking basa Prancis jounal
ingkang tegesipun Catetan Harian, ananging ugi wonten ingkang ngendika
juralistik saged ugi saking tembung diurnal ingkang tegesipun dinten menika.
Tembung istik menika saking tembung estetika ingkang nggadahi teges ngelmu
ngengingi kaindahan. Kanthi umum jurnalistik nggadahi teges seni saha
keterampilan madosi, ngempalaken, ngolah, ngronce, saha nyajiaken pawartos
ngengingi perkara utawi kadadosan ingkang dumadi saben dintenipun kanthi
seratan ingkang endah, kanthi ancas maringi sedaya kabetahanipun ati nurani
tiyang kathah, pramila ndadosaken ewahing sifat, watek, panyaruh, saha tumindak
masyarakat mituruk kekajenganipun jurnalis.
Jinising seratan menika kaperang dados
kalih inggih menika seratan fiski saha non fiksi. Sertan fiksi awujud seratan
imajinatif utawi khayalan sanes kadadosan ingkang nyata. Umumipun seratan fiksi
menika minangka karya sastra kados dene cerkak, novel, geguritan, saha
drama/sandiwara. Seratan non fiksi inggih menika seratan ingkang adedasar fakta
saha data. Tuladha seratan non fiksi inggih menika artikel, pawartos, feature,
essay saha resensi.
Naskah jurnalistik mebet ing seratan non
fiksi amargi seratan jurnalistik adedasar fakta saha data saking kadadosan ing
saben dintenipun. Pramila menika ciri wancinipun naskah utawi karya jurnalistik
inggih menika non fiksi, faktual, sanes khayalan. Naskah utwai karya
jurnalistik kaperang dados tigang kelompok inggih menika Pawartos (News), opini
(views) saha Karangan Khas (feature).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar